Ludruk

tari remo“Mlaku-mlaku nang Kedungsari, nyegat becak arep golek wedang ronde … koncoku bingung gak mari-mari, onok tandhak ludruk bokonge kok gede-gede”

Ludruk iku kesenian tradisonil khas teko Jawa Timur, terutama ndhek kutho Suroboyo, Mojokerto, Jombang ambek Malang.  Ancene kutho-kutho iku mau gudange kesenian ludruk, sampek penduduk asli kutho iku mau roto-roto senengane mbanyolan.  Cirine ludruk iku isine onok dagelan, jula-juli, parikan ambek pasemon (nyindir).  Biasane lek ngludruk nggawe crito kepahlawanan contone crito Pak Sakerah, Sarip Tambakoso, ambek Sawunggaling.  Awale ancen teko kesenian lerok, iku sing dadi cikal bakale kesenian ludruk.

Ludruk iku asale teko Molo-molo ambek Gedrak-gedruk.  Cangkeme molo-molo maksute cangkeme kebek ukoro-ukoro sing apene ditokno.  Lha pas ngetokno ukoro-ukoro dadi kidungan iku mau sikile karo gedrak gedruk.  Akhire jenenge dadi LUDRUK !

Lek jarene Cak Kancil ambek Cak Markaban teko Ludruk Triprasetya RRI Suroboyo seje maneh pendapate masalah artine Ludruk.  Ludruk iku dijupuk teko ukoro Gela-gelo ambek Gedrak-gedruk. Gela-gelo iku ndase godak-godek (geleng-geleng) pas nari remo ambek sikile di gedruk-gedrukno.

Onok pendapat seje maneh teko Cak Eddy Samson koncone Pak Dukut Imam Widodo lek Ludruk iku asale teko boso Londo.. Waduuhh jongor iki hehehe … isok-isok engkok malah Ludruk diakoni teko negoro liyo.

       “Leuk en druk!” iku boso londone rek.. arti boso gaule / ngetrene “Ayok rek seneng-seneng sing gayeng, karo nontok pentas Tradisionil sing nggarai weteng kaku.. ngguyu kemekel sampek nangis.”

Sinyo-sinyo Londo sing nang Soerabaia waktu iku akeh sing memeti ambek mbebeki alias nggendhengi waria seniman sandiwara iki.  Jantunge sinyo-sinyo Londo deg-deg plas kemrengseng lek pas wayahe ndelok bokonge waria sing gede (padahal iku sumpelan) muter-muter mak Seeerr !

Yo wes biasa, lek mari pentas sinyo-sinyo Londo iku mau ngenteni karo ati kemrengseng sang waria Primadona mudhun teko panggung.  Mari ngono terus lapooo??? Yo emboh rek… paling arep dijak patel lele.

Kaet ndisek pemain Ludruk iku  roto-roto seniman tradisional.  Dewek’e yo gak tau blajar kusus sandiwara.  Dadi seniman iku mau ngLudruke yo teko bakat ambek naluri seni.  Lek awan kadang onok sing mbecak, onok sing macul nang sawah.. lha lek bengi maen Ludruk.

Jaman ndisek wong nanggap ludruk nang kampung-kampung, iku biasae di tanggap gawe melekan ae.  Dadi ludruk iku fungsine cumak gawe koncoan seduluran cek tambah akrab tambah gayeng.

       Kesenian ludruk iki memper koyok wong dagangan, dodolan ditawakno keliling melbu metu kampung-kampung ambek deso istilahe Ngamen.  Onok crito sing jenenge seniman Cak Besut, dewek’e yo ngamen keliling nawakno kesenian tradisionil ludruk.  Anggone ngamen keliling iku mau Cak Besut yo nari, ngidung ambek nglawak.  Biasane lek ngludruk Cak Besut dikancani karo Waria (lanang sing macak dadi wedok) sing tugase dadi tandhak.  Kiro-kiro taon 1920an Cak Besut anggotae nambah dadi wong telu gawe ngrewangi ngludruk, yoiku Cak Besut dewe terus Waria jenenge Asmonah biasane maen dadi bojone Besut, ambek Paklik Jamino.  Suwe-suwe saking ngetope akhire ludrukane luweh dikenal dadi Ludruk Besutan.

       Onok maneh seniman ludruk teko Suroboyo sing jenenge Cak Markeso, dewek’e sakben dino ngamen keliling nang kampung-kampung ndhek Suroboyo.   Mripate Cak Markeso rodok kero biasane ditutupi nggawe kocomoto Riben ireng, klambine batik ambek jas sing gak onok lengene nisorane nggawe sarung.  Cak Markeso dikenal wong ngludruk ijenan gak onok pasangane, dewek’e njenengno ludruk garingan onok sing njenengno ludruk monoplay onok sing nyebut ludruk ontang anting.  Lek ngludruk dewek’an gak nggawe panggung musike nggawe cangkem, tapi lek ngludruk koyok maen nang panggung.  Taripe lek ditanggap ngludruk cumak sewu limangatus rupiah sak jame iku kadang lek sing nanggap sakno isok ditambahi maneh.  Cak Markeso ngamen ijenan kaet taon 1949, iku sakwise metu teko grup sing jenenge “Ludruk Cinta Massa”.  Metu teko grup gara-gara gak cocok karo bagi-nagi rejekine.

Taon 1960 ngludruk koyok Cak Markeso ijenan gak onok koncone iku jek akeh, sing nanggap biasane tukang becak soale mbiyen tukang becak akeh duike.  Jek akeh grup ludrukan jaman biyen sing jaya sampek saiki contone grup ludruk Sawunggaling, Ludruk Triprasetya RRI Suroboyo .. lek jaman  saiki .. arek-arek nerusno ngelestarikno kesenian ludruk iki nggawe grup nang kampus-kampus contone konco-konco teko kampus ITS jenenge “Ludruk Tjap Toegoe Pahlawan”, sing teko Unair onok “Ludruk Oikonomos”, ambek Ludruk ITB..   Iku salah akehe conto arek-arek enom sing jek gelem ngelestarikno Ludruk asli kesenian tradisionil khas Jawa Timur.

“Yok Opo Rekk ?? nggawe grup Ludruk tah..?? opo model Ludruk Ontang Anting Garingan koyok Cak Markeso ??  kiro-kiro lek saiki paling jenenge Stand Up Ludrukan..hehehehe suwoon dulur-dulur wes mampir blog iki mugo-mugo kene iki termasuk sing isok ngelestarino kesenian ludruk masiyo cumak nontok gak melok maen hehehehehe …sing luweh penting maneh mbayaro lek nontok ludruk.

Artikel karo potoe ngremo iki dicuwil teko bukune pak Dukut Imam Widodo “Hikajat Soerabaia Tempo Doeloe” ambek akeh sumber-sumber liyone terus diterjemahno nggawe boso Suroboyoan.. mugo-mugo isok nambah wawasan panjenengan sedoyo..

 

Tinggalkan komentar