Telat sak ulan

Sakwijine dino isuk-isuk nang perumahan daerah babat jerawat suroboyo sebelah kulon mentok …, ning Jupe ngomong nang cak Marmolen bojone lek deweke meteng, “cak Marmolen aku telat sak ulan loh…tapi sampean ojok ngomong sopo-sopo loh yo….engkok isin lek gak sido meteng..!” jare ning Jupe ngilingno nang cak Marmolen bojone.

Mene isuke, onok cak Kusen petugas PLN sing biasa nagih listrik nothok lawang. Sak wise dibukakno karo ning Jupe, “ Buk sampeyan telat sak ulan..!” jare cak Kusen nagih listrik nang ning Jupe. “ Heeh…sampeyan kok eroh lek aku telat sak ulan ??” takon ning Jupe ambek heran. “ Aku duwe cathetane loh buk..” jare cak Kusen ambek mbukak buku tagihan listrik.

Mene awane cak Kusen morang-moring nang kantor pembayaran listrik sak wise diomeli bojone kok sampek onok sing ngerti lek deweke telat sak ulan. Ketepakan ketemu ambek cak Kusen sing wingi nagih nang omahe cak Marmolen. “Yok opo iki … sampeyan kok ngerti lek bojoku telat sak ulan ???” jare cak Marmolen ambek mentheleng. “ Sabar pak … Lek sampeyan kepingin cathetane dihapus…sampeyan tinggal mbayarae nang kene” jare cak Kusen rodok bijak thithik.    “ Lha lek aku gak gelem mbayar kate laopo koen !!” bengok cak Marmolen rodok mangkel ambek nglinthing lengene klambi. “ Yo nggone sampeyan tak pedhot..!” jare cak Kusen tenang ambek nyekel gunting diobah-obahno. “Lha lek nggonku mbhok pedhot…bojoku nang omah nggawe opoo Heee !!” jare cak Marmolen tambah gregeten ndelok prejengane cak Kusen sing ngeyel. “Yo bojone sampeyan kan isok nggawe lilin..” jare cak Kusen kalem.

Cerito karo jeneng nang ndukur cumak karangan ae dijupuk teko akeh sumber, bek’e onok sing podo jeneng karo ceritone  sepurane sing akeh  yooo dulur-dulur .. iki lho mek bagi-bagi mesem ae.

Note : “Ojok dulinan lilin sak enggon-enggon”

Mbah Mukari

Mbah MUKARI

Mbah Mukari dirawat nang rumah sakit RKZ.  Jare doktere asmane Mbah Mukari wis nemen kronise, Irunge sampek dipasangi selang.

Wis pirang-pirang dino iki Mbah Mukari meneeng ae koyok wong koma, mripate thok sing ketap-ketip. Dikiro wis wayahe Budhal, anake sing jenenge Cak Marmolen nyelukno Pak Soleman mudhin nang kampunge arep digowo nang RKZ gawe ndungakno Mbah Mukari.

Pas wes teko RKZ.. Pak Soleman mudhine enak-enak ndungo, moro-moro Mbah Mukari megap-megap gak isok ambekan, raine pucet, tangane gemeter.  Nganggo boso isyarat Mbah Mukari nirokno wong nulis.  Cak Marmolen anake ngerti maksute, langsung dijupukno kertas ambek pulpen.

Ambek megap-megap, Mbah Mukari nulis surat.  Karo siso-siso tenogone Mbah Mukari ngekekno surate iku mau nang Pak Soleman Mudhine.  Ambek Pak Soleman kertase iku mau langsung disak’i..

“Rasane kok gak tepak moco surat wasiat saiki..” pikire Pak Soleman.

Mari ngesaki surat Pak Soleman nerusno ndungone. Gak suwe mari ngono Mbah Mukari Budhal bablas.  Akeh wong sing kelangan, soale masio sangar, Mbah Mukari iku wonge apikan.

Pas selametan pitung dinane Mbah Mukari, Pak Soleman Mudhin diundang maneh.  Mari mimpin ndungo, Pak Soleman lagek iling lek dhek’e nganggo klambi batik sing digawe pas Mbah Mukari Budhal.

“Lha nang sak’ku lak onok titipan surate Mbah Mukari tah.. ” batine Pak Soleman lagek iling.

“Waduh selamet iling aku rek.. untung durung diumbah..!” pikire Pak Soleman.

”Derek-derek sedoyo, onok surat teko almarhum Mbah Mukari sing durung tak sampekno nang peno kabeh..!”

“Lek ndhelok Mbah Mukari pas uripe, isine mestine nasehat kanggo anak putune kabeh.  Ayok diwoco bareng-bareng isi surate”.

Mari ngono Pak Soleman Mudhin ngerogoh surat nang sak’e, bareng diwoco tibake munine..

HE.. NGALIO MAN !!! OJOK NGADHEK NANG SELANG OXIGENKU !!!

Cerito karo jeneng nang ndukur cumak karangan ae dijupuk teko akeh sumber, bek’e onok sing podo jeneng karo ceritone  sepurane sing akeh  yooo dulur-dulur .. iki lho mek bagi-bagi mesem ae.

Note : “Ojok ngidhek selang Oxygen sembarangan”

Cirine Wong Teko Coro Ngentute

Wong  MBUJUKAN
Lek mari ngentut purak2 nutupi irunge dewe cek gak ketoro.

Wong JUJUR
Ngakoni lek dewek’e mari ngentut.

Wong  GOBLOG
Ngempet ngentut sampai jam-jam an lek isok sak ulan.

Wong  PINTER
Ngerti entute sopoae karo jenis ambune.

Wong SORO
Kepingin ngentut tapi gak isok ngentut.

Wong  GAK TAU SORO
Gak kepingin ngentut tapi ngentutan.

Wong  MISTERIUS
Lek ngentut gak onok suworone moro-moro mambu.

Wong GUGUPAN
Ngentute mesti pedhot-pedhot opomaneh dikageti.

Wong PEDE
Ngroso lek entute dewe ambune mesti wangi.

Wong JAHAT
Lek ngentut terus dikibasno nang koncone.

Wong APIK’AN
Senengane ngambu entute wong liyo.

Wong MEDHIT
Entut sing wes metu disedot dewe gak gelem bagi2.

Wong  LOMAN
Saben ketemu wong, kewan, prabotan, kendaraan, barang keleleran kabeh mesti dientuti.

Wong CERDIK
lek ngentut nang ngarepe wong liyo isok nylimurno entute sampek wong liyo gak kepikiran maneh.

Wong LICIK
lek ngentut nang ngarepe wong akeh mesti ngarani konco nang sebelahe.

Wong  HEMAT

Lek  ngentut metune diatur sethithik2 terus ambekan jeru kanggo ngganti entute sing metu.

Wong  BOROS

Lek ngentut metune dibrolno kabeh sak ampas2e.

Wong SOMBONG
Seneng ngambu entute dewe karo ngece wong liyo.

Wong EMOSIAN
Lek ngentut malah mendhelik terus ngamuk2 karo nguntal beling.

Wong SABAR
Ngentute mesti suwe munine dowo sampek gak pedhot2.

Wong KE-KANAK2-AN
Senengane ngentut nang njero banyu cek isok ndelok blukuthuk2e.

Wong  ATLETIS
Lek ngentut ngeden ambek gaya binaraga.

Wong SIAL

Dientuti terus karo wong liyo.

Wong MUJUR
Lek ngentuti wong liyo mesti gak tau ketemon.

Wong MRUCUTAN
Lek ngentut mesthi katutan sak ampase.

Wong GAK IKHLAS
Nggak mambu entute dewe tapi wong liyo sing mambu morang-moring.

Wong GENDHENG
Angger ngentut silite ditempeli terompet cek banter suworone.

Wong MUSISI
Lek ngentut dilagokno, isok njaluk lagu spesial sing paling anyar.

Wong NGANGGUR
Ndiskusikno soal entute dewe ambek entute wong liyo karo ngamati ciri2ne wong liyo teko carane ngentut !

Coro ngentut nang ndukur duduk karangan, dijupuk teko kebiasak’ane akeh sumber, bek’e onok sing podo karo cirine entut nang ndukur  sepurane sing akeh  yooo dulur-dulur .. iki lho mek bagi-bagi entut ae.

Note : “Ojok ngentut sak enggon-enggon”

Gregeten

Ing Sawijine Dino.. isuk-isuk nang daerah Asemrowo Gang 15A omah cet abang sebelahe kuburan pinggire kali mburi terminal.  Cak Marmolen nyepakno sarapan kanggo Tole anak tunggale.

Marmolen           : “Iki le sarapane ndang dibadhok..!!!” karo ngekekno piring nang Tole.

Tole                       : (meneng ae).

Marmolen           : “Ojok cumak dipenthelengi.. ndang diemplok kono lho le…!!!” karo mendelik.

Tole                       : (ngeker-eker sego nang piring).

Marmolen           : “Onoke cumak iwak iku lek dipangan yo isok wareg.. Ojok protes ae ndang diemplok!!!”

Tole                       : (segone tambah dibuwak).

Marmolen           : “Prosomu beras iku gak tuku tah?… Kok malah sego mbok buwak buwak!!!” (mulai emosi).

Tole                       : (piringe malah ditumplekno).

Marmolen           : “Oooowww… Ancen arek kurang ajar.. Dikandani malah nglawan !!!” (metu sundange).

Tole                       : “Pyaaarrr…..!!!!” (tambah mbanting piring).

Marmolen           : “Karepmu yok opo hah… Koen arep wani karo wongtuwo yo!!” (metu siung mrongose).

Tole                       : “Cethukkk … !!” (nuthuk bathuke Marmolen nggawe sendok).

Marmolen           : “Muayaak.!! Anak gak duwe toto kromo, dikandani malah ngejak tukaran..” (njupuk Linggis).

Tole                       : “Heheeheew..” (malah ngguyu ngece).

Marmolen           : “Wes ngene iki gak athek mikir bapak karo anak maneh aku… Ayo  mreneo tak congore !!”

“PLAAAKKK…KROMPYAANG…PLOOOKK…BRUUAAAAKKK…KRRRAATTAAAKKK….BHLLAAAARRRRRR!!!!!!”

“AYO CONGOR-CONGORAN KARO AKU AE PLAK KOPLAK!!!… Morang-moring kok karo arek jek umur setaon… Ancen KOPLAK temenan koen iku Cak!!!”
(Suwarane Ning Sarmini ngepruki Cak Marmolen nganggo dandang panas)

Cerito karo jeneng nang ndukur cumak karangan ae dijupuk teko akeh sumber, bek’e onok sing podo jeneng karo ceritone  sepurane sing akeh  yooo dulur-dulur .. iki lho mek bagi-bagi mesem ae.

Note : “Ojok ngompol sak enggon-enggon”

Ulang Taon

Cak Marmolen ulang taon sing ke 40.  Atine rodhok sumpek soale pas tangi isuk, Ning Sarmini bojone cak Marmolen  menengae gak ngucapno selamat..

“koyoke lali” batine cak Marmolen

Pas sarapan katene budhal kerjo, anak-anake yo mbidhek kabeh gak onok sing eling ulang taone Bapake.

Akhire Cak Marmolen budhal kerjo ambek ati nelongso.  Mbrebesmili.. lungset kabeh raine.. karo nyokoti tas kerjoe.

Tibake bareng pas teko nang kantor, Ning Jupe konco kerjoe nyambut ngucapno selamat karo kemayu.

”Sugeng Enjing Cak Marmolen …..Selamet Ulang Taon yooo…..tambah sehat tambah nggantheng pokoke” jare Ning Jupe endel.

Cak Marmolen atine girang kemrengseng.. tibake onok wong sing jek eling ambek ulang taone.

”Wah . .pancen kebacut temenan anak bojoku mosok lali ambek ulang Taonku.. iki malah konco kantor sing eling” pikire Cak Marmolen tambah lungset raine.

Pas istirahat arep mangan awan, Ning Jupe ngejak metu Cak Marmolen wong loroan.

Pikire Cak Marmolen, “Weduh kapan maneh rek oleh tawaran koyok ngene” ketepakan Cak Marmolen ancen wes suwe naksir Ning Jupe pisan cumak gak wani ngomong.

”Yok opo.. lek awake dhewe leyeh-leyeh nang nggone kos-kosanku disek Cak ?” jare Ning Jupe ambek ngalem.  Cak Marmolen ho-oh ae.  Jantunge deg-degan.. napase nggos-nggosan.

Pas sampek kos-kosan, Ning Jupe ngongkon Cak Marmolen ngaso dhiluk nang nggone sofa ruang tamu.

”Cak, anggepen iki omahmu dhewe.  Aku tak nang kamar dhiluk yo.. wis tah ..pokoke aku onok kejutan gawe sampeyan.” jare Ning Jupe tambah endel karo bokonge megal-megol melbu kamar.

Pas ditinggal ijenan, Cak Marmolen wis mbayangno kejutan teko Ning Jupe, Atine empot-empotan gak sabar.  Pikire Cak Marmolen “Aku yo isok nggawe kejutan rek!!”

Akhire Cak Marmolen nyoplok klambine kuabeh mudo sampek blejet-jet ambek ngenteni Ning Jupe metu teko kamare. Cak Marmolen terus merem mbayangno bodine Ning Jupe ambek mudho kelesetan nang sofa. Ndhadhak ujug-ujug onok suworo rame…

Cak Marmolen kuaget sampek mencolot masang kuda-kuda koyok wong arep Kungfu… krungu onok wong akeh nyanyi selamet ulang taon.

Bareng Cak Marmolen noleh, tibake Ning Jupe nggowo kue tar bareng Ning Sarmini ambek anak-anake Cak Marmolen pisan metu teko kamar.

Cerito karo jeneng nang ndukur cumak karangan ae dijupuk teko akeh sumber, bek’e onok sing podo jeneng karo ceritone  sepurane sing akeh  yooo dulur-dulur .. iki lho mek bagi-bagi mesem ae.

Note : “Ojok ngompol sak enggon-enggon”